Minggu, 08 September 2013

Contoh Wawancara atau wawanrembug basa jawa

UPACARA MITONI Indira : “Sugeng siyang, mbak Ika?” Mbak Ika : “Sugeng siyang, dek. Ana kaperluan apa?” Indira : “Kula badhe nyuwun wekdal kangge wawancara njangkepi tugas piwulangan Basa Jawa. Saged nggih, mbak?” Mbak Ika : “Bisa wae. Tentang napa?” Indira : “Kagem mangetosi kagiyatan mitoni. Saged dimilai nggih wawancaranipun? Kados pundi perasaan mbak Ika samenika nglakoaken kagiyatan mitoni?” Mbak Ika : “Walah, bungah banget, dek, bisa nglakoni kagiyata matoni nganthi lancar.” Indira : “Kados napa urutan kagiyatan mitoni menika dilakoaken?” Mbak Ika : “Siji, siraman sing dilakoke para pini sepuh lan garwa. Loro, nglakoke tradisi nglebokake endog ayam teng njero jarik calon ibu sing dilakoke garwane. Telu, calon ibu nglakoni ganti anggeman jarik kaping pitu. Banjur kuwi dilakoke nggunting janur kuning.” Indira : “Lajeng kagiyatan mitoni niku dilakoaken ing pundi?” Mbak Ika : “Proses selametan iki dilakoke teng mburi omah banjur nggawe krobongan.” Indira : “Lo? Krobongan niku napa ta, mbak?” Mbak Ika : “Krobongan kuwi jeneng bilik sing digawe saka anyaman bambu iku lho.” Indira : “Oh nggih, leres. Lajeng paedahipun dilakoaken kagiyatan mitoni kasebut napa? Lan kados pundi mbok menawi kagiyatan iku mboten dilakoaken? Menapa wonten pengaruhipun dhateng calon jabang bayi lan calon ibu?” Mbak Ika : “Paedah saka kagiyatan iki ya nyuwun pangestune marang Gusti Allah SWT., Bapak Ibu, sedulur-sedulur, lan kanca-kanca kabeh. Menawa mboten nglakoake kagiyatan mitoni menurutku ya ora ana pengaruhe marang calon jabang bayi lan calon ibune. Nanging, luwih apike ndewe kudu nglestarike budaya Jawa kaya mitoni iki supaya ora ilang. Indira : “Oh ngaten nggih, mbak?” Mbak Ika : “Iya. Yawis, aku nyuwun pangestune supaya mengko aku bisa lancar nglairke lan biso dadi ibu sing apik kanggo anakku.” Indira : “Nggih, sampun mbak kula dongake. Amin. Matur nuwun kagem wawancaranipun, mbak.” Mbak Ika : “Ya padha-padha.”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar